Kamis, 17 Mei 2012

Tuladha Pambagyaharja


PAMBAGYAHARJA
SEMINAR NGURI-URI BASA JAWI

Ingkang kinurmatan para bapak lan ibu guru lan para sedherek sedaya ingkang kawula tresnani Saderengipun mangga kula lan panjenengan sami tansah ngaturaken raosing puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun kerso paring rahmat saha hidayahipun dumateng kulo panjenengan sami, satemah wonten ing titi wanci punika kula lan panjenenagan saget lenggah makempal wonten ing acara seminar nguri-uri basa jawi menika, kanthi mboten wonten alangan satunggaling punopo, mugi-mugi Allah paring karidhoan dateng kula lan panjenengan sami satemah saged mendet fadhilahipun ugi pikanthuk ilmu ingkang manfaat awit donya dumugi wonten ing akhirat, Allahumma amiin.
Lan mboten kasupen ugi mangga kula lan panjenengan sami ngaturaken sholawat saha salam kunjuk dateng junjunganipun nabi agung Muhammad SAW. Ingkang tansah kula lan panjenengan sami antu-antuk safangatipun benjang wonten ing yaumul kiamah, Allahumma Amiin.
Para lenggah sedaya kula ing mriki awit saking ketua panitia. Sepisan ngaturaken pambagya sugeng rawuh dumateng ngarsanipun para lenggah sedaya.
Ingkang kaping kalihipun kula ngaturaken agunging panuwun bilih panjenengan sedaya ingkang sampun kersa anglonggaraken penggalihanipun kanti angrawuhi seminar punika. mugi-mugi wonten ing acara punika,  saged nambah wawasan lan ilmu kula lan panjenengan sami wonten papan punika. Lan mugi-mugi kula lan panjenengan sami saged nglestantenaken basa jawi menika
Ingkang kaping tiganipun, kula ngaturaken panuwun dhumateng para panitia ingkang sampun ambiayantu anglancaraken semiar basa jawi punika. Lan mugi-mugi kula lan panjenengan sami saged nglestantenaken basa jawi
Ingkang kaping sekawan, bilih anggenipun caos papan pawi lenggahan lan punopo kemawon kirang trap sila kula suwunaken agunging. Mekaten ingkang saget kula aturaken, bilih menawi wonten kalepan lan kirang sopan anggen kawula matur saestu kula nyuwun agunging samudra pangeksami.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar